Sabtu, 21 November 2009

Crito ala Ngkalonganan...

Patang taun punjul nyong wis urip ning solo, kuliah ning kampus sing pedek bengawan solo, UNS. nengkene alhamdulillah, dek pertama kuliah tekan seprene lancar2 bae. saiki garek nggarap skripsi tok. yo jane termasuke terlat si, lha konco-koncoku akehe wis podo lulus. hehe tapi yo wis pak ora, arane bek wong urip, mesti nasibe bedo-bedo (walak d'ee pinter, Sregep, karo bejo bae).

Tapi sing jenenge howo kampung, ben wis taunan nenggalke ora bakal klalen ra (Yo yo lha wong mben 2 wulan jek balio'). Sing jenenge wangine megono bar dibukak dek bungkus godhong gedhang koyone ora ono sing ngalahke. Opo meneh nek sarapane nganggo lawuh tempe goreng sing irisane kandel-kandel kae. Durung maneh engko nek awan-awan terus kelingan tauto karo es teh manis. Wis sakpore pokoke. Tapi sing jenenge panganan, nek nggo aku tetep bae ono solusine. Nek cuma’ megono karo tauto, ben ora persis nemen, ono warunge sing dodol utowo paleng ora biso nggawe dhewe.

bejone o, cah ngkalongan sing kuliah ning kene yo akeh. dek kajen, ndunguni, ngkajangan, ngkalongan kota yo akeh (nyong cah dunguni), akehe si cah2 alumni dek sma 1, sma 3 dll. lha kosku sing terakir iki alhamdulillah maneh 'dikuasai' cah2 pantura, dek ngkalongan 3, mbrebes 2, njeporo karo ndemak 1, liyane ono sing dek purwokeerto, mbantul, sukoharjo. kabeh ono 11 wong. kwi podo jowone bek bahasane wis bedo2 logate. sing mbanyumas ngapak2 kentele pok(inyong, rika, kencot ^^). sing mbrebes yora bedo adoh karo nggonku, tapi wis rodo mambu2 cirebonan kono. sing njeporo n ndemak, y pak podo cuman luwih akeh podone karo wong semarang. nek mbantul boso kromone jek sering dinggo (tak akoni pancen boso kromo ki wong ngkalongan ki sitik sing nganggo, bejane karo wongtuane pu'o). jane yo rodo ngawak si, lha mosok karo wong tuo kok ra nganggo kromo, tapi yo mbuh lah. hehe salah nek wis dadi kebiasaan utowo tradisi, kuwi yo akhire biso dianggap bener.

pernah ono crito, jarene, ono bocah kalongan sing kuliahe neng Solo utowo mbuh pokoke neng wetan. Yo koyone mergo wis ketentho ngomong alus karo kanca-kancane, pas mulih kalongan ngajak ngomong kromo karo bapake. Mestine bapake kan bungah mergo bocahe saiki pinter ngajeni bapake. Tapi jawaban bapake jebul ora koyo kuwi. “Hey, ndhuk. Kowe karo bapakmu dhewe kok nganggo kromo mbarang. Opo aku kiye saiki mak pada' ke wong liyo pok?”. ^^

bersambung... ^^

Tidak ada komentar:

Posting Komentar